Sunday, July 11, 2010

Eyang Suwandoyo Yasa



LINDHU gedhe 27 Mei 2006 kepung­kur meksa Eyang Suwandoyo nglereni anggone mbangun candhi Mangir kang dumunung ana Dhusun Mangir Tengah Kelurahan Sendhangsari, Pajangan, Ban­tul, kurany luwih 18 KM saka kutha Yog­yakarta. Proyek kang wiwit diadani rong taun kepungkur iki minangka kanggo nglestarekake Ian ngluhurake asmane Kyai Ageng Mangir. Dilereni sementara jalaran kabeh tukang kang mbiyantu pro­yek iki padha sibuk ndandani omahe dhe­we-dhewe. Akeh omah ing dhusun kono
padha rusak jalaran saka lindhu gedhe iku.
Proyeke dhewe uga ngalami kerusa­kan kang ora sethithik. Pager cepuri sisih kidul nggebyak watara 200 m. Gerbang sisih wetan uga ambruk. Landhasan can­dhi retak sisih pojok lor wetan. Kabeh wis didandani. Perlu kawuningan menawa Bp. Suwandoyo kang pensiunan Kapten TNI AD Ian anggota DPRD Bali iku yasa candhi mung jalaran saka mundhi dhawuh gaib saka Kyai Ageng Mangir nalika ana da­leme Singaraja, Bali taun 1985. Panje­nengane kang ahli laku tapa iku ora kejot penggalihe nampa wisik gaib, sanadyan durung tau sesambungan karo Kyai Ageng Mangir. Ngendikane dhawuh gaib iku, mung pak Suwandoyo kang bisa Ian mampu mbangun petilasan Mangir. Pra­beyane kudu ditanggung dhewe, ora ke­na entuk bantuwan saka liya. Pak Suwan­doyo kang peputra telu Ian wayah enem iki bareng nampa wisik iki banjur nyuwun konsultasi karo sawatara paranormal ing Bali. Wosing crita kabeh padha mbenerke
dhawuh iki Ian aja kuwatir mengko rak kabeh biaya iki ana, perlu kasumurupan mVawa pak Suwandoyo iki sawijine agen BBM ing Bali.
Kanggo mangerteni sapa Kyai Ageng Mangir iki pak Suwandoyo napak tilas me­nyang petilasan Mangir. Ana kana kaya dituntun yasa peribadatan Hindhu ana sakidul Tapak Dalem Palenggahane Kyai Ageng Mangir. Ya ing peribadatan kene iki kilase Kyai Ageng nalika isih sugeng. Kuwi miturut dhawuh kang tinampa. Peri­badatan iki rampung 21 Agustus 1986.
Rancangan kang wis disuntak ana ce­tak biru iki nyakup pager tembok dalem Kamangiran kang dawane udakara 250 m, dhuwure 2,5 m kandele sabata, tanpa plesteran. Tembok iki nurut cepuri dalem Kamangiran kuna. Ana regole cacahe telu, lor, kulon Ian kidul. Saiki kabeh wis ram­pung.
Candhi tumumpang ana landhasan kang dhuwure 1,3 m, dijejerake karo lingga-yoni kang sadUrunge dadi pepun­dhen peribadatan. Sisih kiwa candhi ana papan perabuan kang bakale sacara sim­bolis diadani kanthi upacara.
Sakulon landhasan iki manggone da­lem Kamangiran wujud limasan saka kayu kang saiki durung dibangun. Kidule uga durung digawe Dalem Keputren. Salor candhi bakal didegake bangsal Paseban Ian Parehan kanggo para peziarah kang padha sowan. Pak Suwandoyo ngendika menawa Kyai Ageng Mangir iku seda di­perjaya Panembahan Senapati, ya mara tuwane dhewe. Panembahan 'Senapati rawuh ana Mataram, kraton Mangir wis ana Ian duwe kedaulatan Ian kekuatan. Kanthi cara alus Kyai Ageng Mangir bisa ditundhukake Ian disowanake ana kraton Mataram, Kotagede. Ing kono panje­nengane diperjaya. Ana kang kandha se­dane merga mustakane dijeblesake sela gilang palenggahane Panembahan Sena­pati. Ana maneh kang kandha Kyai Ageng seda disedani nganggo tumbak Kangjeng Kyai Ageng Plered.
Miturut versi kraton Kyai Ageng diku­bur ana pasareyan Kotagede. Nanging miturut versi trah Mangir jenazahe Kyai Ageng dikubur ana pasareyan Sebarani (Soralaten), salor kulon kota kecamatan Gamping.
Saka nggarap proyek candhi iki pak Suwandoyo kang miyos ing Nglipar Gu­nungkidul 80 taun kepungkur banjur priksa sejatine panjenengane iku isih
keturunane wong Mangir sanadyan dudu tedhak turune Kyai Ageng.
Tilas-tilase kerajaan Mangir iku isih katon nalika jaman Landa. Dhek biyen ing kono ana upacara Grebeg Mangir kang disengkuyung wong sadesa. Mang­kono dongenge para sepuh ing Mangir.
Kanggone wong kang seneng ziarah sing kaloka ing Mangir iku Tapak Dalem Petilasan Palenggahan Kyai Ageng Mangir. Krikil utawa bata ukuran gedhe ing sekitar kono iku miturut kepercayaan sawatar warga duwe daya kanggo tumbal utawa srana, mligine kanggo nglungakake wong nyewa omahe. Tapak Dalem iki nalika
taun 70-an nate dimulyakake kanthi me­nehi tutup kaca, pager mubeng Ian kawat pager palenggahan.
Miturut Babad Kyai Ageng Mangir iku kang sepisan (I) asma Joko Balud, putra­ne Prabu Brawijaya V ratu purlgkasan ing Majapahit. Joko Balud banjur jejuluk Kyai Ageng Megatsari utawa Kyai Ageng Wo­noboyo I, peputra putri kang banjur di­kawin karo Joko Umbul, putrane Panem­bahan Brawijaya Bondhan Surati kang seda obong ing Sawar Gunungkidul. Joko Umbul banjur nggenteni kalenggahane mara tuwane banjur jejufuk Kyai Ageng Wonoboyo II ing Mangir, peputra Joko Guntur kang banjur dipek mantu karo Kyai Ageng Paker kang kaloka kasugihane. Panjenengane banjur jejuluk Kyai Ageng Wonoboyo III ing Mangir. Ya panjenenga­ne iki kang nurunake Kyai Ageng Mangir Wonoboyo IV kang sateruse nggarwa Gusti Raden Ayu Pembayun, putrane Pa­nembahan Senapati.
Pak Suwandoyo ngendika menawa alangan sing pokok kang gawe rendhete pembangunan yaiku masalah pembeba­san tanah. Miturut Dinas Purbakala situs Mangir iku asline ambane 2,5 HA. Panje­nengane sajrone nangani proyek wiwit 20 taun kepungkur mung bisa mbebasake tanah 0,5 HA (60 are). Pembangunan candhi iki disengkuyung pendhudhuk ko­no kang agamane sebageyan gedhe Is­lam. Masiya mengkono para warga padha sadar menawa proyek iki rampung bisa dadi obyek wisata spiritual kang penting kang bisa nambah raharjane pendhu­dhuk. ***



kapetik saking majalah Panjebar  Semangat Nomer 24 (16 Juni 2007)

Thursday, July 1, 2010

Budaya Temanggung



Adopted from : Panjebar Semangat magazine
Kapetik saking majalah panjebar semangat nomer 19 (9 Mei 2009)



Pemerintah Daerah Kab Temanggung liwat Dinas Kebudayaan, Pariwisata Pemuda clan Olahraga (Disbudparpora) banget anggone ngupaya lestarine klompok klompok budaya jawa ing wewengkon Kab Temanggung kanthi aweh nomer registrasi atraksi. Paling ora wis ana 100 grup (klompok) budaya jawa sing wis padha nganthongi nomor register atraksi pementasan.
Nomor register mau dadi wigati banget jalaran saliyane wis mlebu inventarisasi pemda kanggone klompok mau saben ana kalodangan bakal antuk maneka fasilitas saka pemda kayata bimbingan teknik artistik, pementasan, manajemen organisasi, promosi sarta antuk fasilitas bantuan dana. Kabid Dinas Kebudparpora Didik Nuryanto nelakake yen program registrasi iki adhedhasar landhesan Peraturan Bupati (Perbup) No. 02 tahun 2008 pasal 13 ayat 9.
Dene kanggone sing durung nduweni nomer register bisa nyusul kanthi nglampirake surat permohonan izin operasional, susunan pengurus, daftar anggota kelompoke Ian AD/ ARTne. Syukur bage wis tau nduweni prestasi pentas kang onjo becik ing tataran lokal, nasional Isp. "Kabeh kelengkapan mau bakal enggal diproses dening dinas Ian mung mbutuhake
wektu telung dina mesthi bakal nampa nomer registere" pratelane.
Nganti awal sasi April iki ora kurang saka 100 klompok/grup Budaya Jawa kang wis nduweni nomer register. Grup grup mau kasunyatan padha nduweni pengalaman pentas ing njaban rangkah/daerah kayata kuda lumping Temanggung nate pentas ing anjungan Taman Mini Indonesia Indah (TMII) kang nalika kuwi kober diestreni para pejabat daerah Temanggung ing antarane Ketua DPRD Temanggung,
Kadinas Pariwisata Ian liyane.
Ing wewengkon Kab Temanggung grup2 apadene klompok budaya jawa iku akeh wernane kayata kuda lumping, wulangsunu, kubro siswo, ndayakan, reog, janjanen, kentrung, ketoprak, wayang kulit/wong, sholawatan jawa, kuntulan, penthul tembem Isp. Khusus kanggo fasilitas apadene dana bakal ditliti luwih dhisik utamane bukti ing lapangan.
Jaran Kepang Krido Budaya Sawetara kuwi Pemda Wonosobo uga tansah njaga lestarine jaran kepang ash Wonosobo. 5aliyane ngadani inventarisasi uga ngadani pembinaan tumrap para mudha supaya nresnani budaya jawa mula ora sithik para siswa SMK ing Wonosobo kang prigel njoget jaranan.
Kanggo ngembangake bakate, para mudha uga nganakake kunjungan budaya ing kab Purworejo Ian nggatekake kepiye anane grup jaran kepang "Krido Budoyo" kang nate duwe prestasi juwara 1 festival jaran kepang ing alun2 Purworejo, sumusul juara 1 Tk Jawa Tengah ing Semarang Ian nguwati klompok Ndholalak Purworejo ana ing parade senja ing Istana kepresidenan Jakarta. Kabeh mau minangka gregete Pemda becik Temanggung, Wonosobo anggone nggatekake klompok budaya jawa amrih lestari. Nuwun (Adip)