Thursday, July 1, 2010

Budaya Temanggung



Adopted from : Panjebar Semangat magazine
Kapetik saking majalah panjebar semangat nomer 19 (9 Mei 2009)



Pemerintah Daerah Kab Temanggung liwat Dinas Kebudayaan, Pariwisata Pemuda clan Olahraga (Disbudparpora) banget anggone ngupaya lestarine klompok klompok budaya jawa ing wewengkon Kab Temanggung kanthi aweh nomer registrasi atraksi. Paling ora wis ana 100 grup (klompok) budaya jawa sing wis padha nganthongi nomor register atraksi pementasan.
Nomor register mau dadi wigati banget jalaran saliyane wis mlebu inventarisasi pemda kanggone klompok mau saben ana kalodangan bakal antuk maneka fasilitas saka pemda kayata bimbingan teknik artistik, pementasan, manajemen organisasi, promosi sarta antuk fasilitas bantuan dana. Kabid Dinas Kebudparpora Didik Nuryanto nelakake yen program registrasi iki adhedhasar landhesan Peraturan Bupati (Perbup) No. 02 tahun 2008 pasal 13 ayat 9.
Dene kanggone sing durung nduweni nomer register bisa nyusul kanthi nglampirake surat permohonan izin operasional, susunan pengurus, daftar anggota kelompoke Ian AD/ ARTne. Syukur bage wis tau nduweni prestasi pentas kang onjo becik ing tataran lokal, nasional Isp. "Kabeh kelengkapan mau bakal enggal diproses dening dinas Ian mung mbutuhake
wektu telung dina mesthi bakal nampa nomer registere" pratelane.
Nganti awal sasi April iki ora kurang saka 100 klompok/grup Budaya Jawa kang wis nduweni nomer register. Grup grup mau kasunyatan padha nduweni pengalaman pentas ing njaban rangkah/daerah kayata kuda lumping Temanggung nate pentas ing anjungan Taman Mini Indonesia Indah (TMII) kang nalika kuwi kober diestreni para pejabat daerah Temanggung ing antarane Ketua DPRD Temanggung,
Kadinas Pariwisata Ian liyane.
Ing wewengkon Kab Temanggung grup2 apadene klompok budaya jawa iku akeh wernane kayata kuda lumping, wulangsunu, kubro siswo, ndayakan, reog, janjanen, kentrung, ketoprak, wayang kulit/wong, sholawatan jawa, kuntulan, penthul tembem Isp. Khusus kanggo fasilitas apadene dana bakal ditliti luwih dhisik utamane bukti ing lapangan.
Jaran Kepang Krido Budaya Sawetara kuwi Pemda Wonosobo uga tansah njaga lestarine jaran kepang ash Wonosobo. 5aliyane ngadani inventarisasi uga ngadani pembinaan tumrap para mudha supaya nresnani budaya jawa mula ora sithik para siswa SMK ing Wonosobo kang prigel njoget jaranan.
Kanggo ngembangake bakate, para mudha uga nganakake kunjungan budaya ing kab Purworejo Ian nggatekake kepiye anane grup jaran kepang "Krido Budoyo" kang nate duwe prestasi juwara 1 festival jaran kepang ing alun2 Purworejo, sumusul juara 1 Tk Jawa Tengah ing Semarang Ian nguwati klompok Ndholalak Purworejo ana ing parade senja ing Istana kepresidenan Jakarta. Kabeh mau minangka gregete Pemda becik Temanggung, Wonosobo anggone nggatekake klompok budaya jawa amrih lestari. Nuwun (Adip)

No comments:

Post a Comment