Wednesday, June 30, 2010

Begalan lan Ruwatan Modhel Ki Haji Daulat



Rebo Wage sing wis kepungkur penulis PS oleh kalodhangan nekani ijabe Desy Priyani karo Karyono ana ing desa Sidabowa, Keca­matan Patikraja, Kabupaten Banyumas. Tekan ngenggon jebul ana acara loro sing kagabung dadi siji. Acara iku Be­galan ]an Ruwalan. Acara loro sing dadi siji iku oleh kawigaten kang mirunggan mligine dening warga desa Sidabowa, Lan uga para undangan manten Desy Pri­yani Lan Karyono.
Begalan iku sawijining acara adat sing lumaku ing wilayah Banyumas Lan sakitere. Acara mau gunane kanggo mbuwang sukerta (tolak bala) kanggone manten (pasangan manten) sing kebe­neran mantene kakung mbarep mantene putrine ragil, utawa suwalike. Malah akeh uga sing mantenane ana acara Be­galane senajan mantene kakung Lan putri kabeh ragil, utawa mantene kakung Lan putri kabeh mbarep.
Kebeneran Desy Priyani iki putra mbarepe almarhum Pak Supriyadi, sarta Karyono kebeneran ragil, mula miturut adat Banyumas Lan sakitere menawa dadi manten kudune ana acara Begalane kanggo mbuwang sukerta, utawa mi­nangka tolak bala, supaya manten lanang [an wadon olehe mangun wisma, lestari ora ana alangan sawiji apa.
Ruwatan kaya-kaya wis umum isih lumaku ing tanah Jawa iki, mligine ing Jawa Tengah, Yogya Lan Jawa Timur. Malah uga lumaku ing ngendi wilayah sing ana pendhudhuke asli saka Jateng, Yogya Lan Jatim. Ruwatan uga kanggo mbuwang sukerta. Anak/bocah ontang­anting (anak mung siji thil lanang), ant­ing-anting (anak mung siji thil wanita), kembang sepasang (anak loro wanita kabeh), uger-uger lawang (anak loro lanang kabeh), kedana-kedini (anak loro wanita siji lanang siji), Lan isih akeh maneh.
Kebeneran Desy Priyani duwe sedu­lur siji wadon Yuniyati, miturut Ki H. Daulat sadurunge seda Pak Supriyadi wis pesen supaya Desy Lan Yuniyati diruwat. Dening K. H. Daulat durung dilakoni. Mufa bareng Desy dadi manten karo Karyono, acara Begalan Lan Ruwatan dileksanak­ake dadi siji.
Lumakune Acara Ruwatan lan Begalan
Acara ing dina Rebo Wage iku diwi­witi wektu bubar duhur, jam 13.00. Manten putri Lan kakung Lan putri jejer ana ing plataran omahe Desy. Ora keri Yuniyati wis macak meh kembar karo Desy. Kaya Pregiwa karo Pregiwati, nganggo nyamping bathik, latar putih, klambine brukat, kuning ora keri kem­bang kanthil kang rinonce, ngrenggani bedhongane Desy Lan Juniyati. Mantene kakung nganggo jas kuning, bebed Rujak Senthe latar putih, ora keri nganggo blangkon papak Banyumasan.
Wiwitane Desy Lan Yuniyati dijejerake, ditonton wong salatar, dikojahi Ki H. Daulat sing ngagem jas ireng, bebed Ru­jak Senthe latar ireng, blangkon papak. Crita yen menungsa lair ing alam donya iki ing sajroning suci, sing gawe abang biru iku wong tuwane loro Lan uga ma­syarakat lingkungane. Desy Lan Yuniyati dilairake dadi Kembang Sepasang sing miturut adat kudu diruwat, dening Ki H. Daulat kanthi maos muji syukur menyang Gusti Lan uga nyebut asmane Gusti Al­lah, bias ketepas ora mbako ora klaras, kabura barat angin, katuta iline banyu tumeka segara, waris-wiris, kalis saka godhane jin setan peri perayangan, ba­lane Bethara Kala sing tansah nggoleki kanggo dimangsa, antara liya nggoleki wong sing lair loro wadon kabeh kang disebut Kembang Sepasang.
"Byuh, byuh, byuh ..... kabura barat angin, kentira banyu mili tumeka segara, Desy Lan Yuniyati kalisa saka bebaya, ka­lebu bebayane Bethara Kala, kabeh saka takdire Gusti Allah kang Maha Kuwasa Byuh, byuh, byuh .....;' Desy Lan Yuniyati disembur mbun-mbunane dening Ki Haji Daulat, sing asma jangkepe Ki Haji Abdullah Daulat Karsito Darmocarito:
Kira-kira 15 menit acara rampung nembe disusul acara Begalan, Manten lanang.lan wadon dijejerake. Barang pi­ranti Begalan sing cacahe sepikul (ba­rang-barang piranti pawon, wiwit saka siwur, ilir Isp) dicedhakake, Ki H. Daulat njur crita sanepane barang sing kanggo begalan. Sajrone ngleksanakake Begalan biyasane wong loro nangmg sepisan ji iki Ki H. Daulat dhewe ora ana rowange. Barang sing digawa antara liya nduweni teges : Pikulan kang ana jagrage. Iku anduweni teges yen manten kakung putri kudu nduweni pikulan, tetimbangan kang ana jagrage kanggo kekuwatan, kudu duwe tetimbangan urip kang santoso. Pikulan iku digawe saka pring, sing te­gese pring iku yen kaku kena kanggo pi­kulan, malah kena kanggo alat pangge­bug ing bebaya, dene yen lemes kena kanggo jiret, kena kanggo tali, kanggo pangiket. Werdine dadi manten iku antarane wadon karo lanang kudu duwe tetimbangan kang imbang Lan santoso, tetimbangan kaku marang prakara kang patut dilakoni, tetimbangan pangiket kang lemes, lentur, marang prakara kang kudune lemes Lan lentur.
Barang-barang sing digawa antara liya pari, ilir, iyan, siwur Lan isih akeh maneh gumatung marang keperluan Lan kahanan. Pari minangka pralambang yen penganten lanang Lan wadon kudu duwe watek pari, tegese yen isih enom katon ndhemenake, katon ayu, katon bagus, nyenengake marang sing nyawang. Ba­reng wis tuwa woh pari, maune parine ngadeg bareng wis isi tumungkul. Meng­ku maksud supaya dadi wong iku saya tuwa, saya pinter saya tumungkul su­manggem. Ora sombong, gumedhe, nanging tansah tumungkul andhap asor marang sapa bae. Sing penting.isine, yaiku berase migunani marang masyara­kat. Semono uga penganten lanang Lan wadon diajap bisa migunani menyang kulawarga, nusa Lan bangsa.
I1ir utawa kipas, tepas sing bisane kanggo ngipasi sega sing ana ing iyan, supaya adhem Lan dadi punel, enak. Mengku teges penganten lanang wadon diarep-arep kajaba bisa gawe seneng, enake, awake dhewe, uga bisa ngenaki awake wong liya ing sakitere, mligine wong tuwane sakloron.
Iyan, iki piranti kanggo ngeler sega. Wangune segi papat, mengku teges supaya pengenten lanang Lan wadon di­kon duwe ukuran, duwe wates anggone tumindak ora sakarepe dhewe. Kudu duwe waton marang aturaning agama, negara, masyarakat lan wong tuwa. Kang digambarake pojok iyan sing ana papat.
Siwur sing biyasane digawe saka bathok krambil, klapa sing duwe maksud bisa urip ing endi bae. Kajaba saka iku siwur kang piguna kanggo nyidhuk ba­nyu. Mengku teges yen penganten la­nang lan wadon kudu bisa urip ing endi papan Lan kahanan kang kaya ngapa bae. Semono uga diarep-arep bisa mba­gi pengalaman, ilmu, sarta mbagi rejeki marang kang wajib nampa kanthi adil, yen siji oleh sacidhuk liyane uga oleh sacidhuk utawa sapira bagiyan sing kudune ditampa.
Menyang PS Ki Haji Abdullah Daulat Karsito Darmo Carito, yen iku kabeh mung kanggo syarat ngleluri budaya, amarga mbuh dikayangapaa budaya tilarane mbah buyut kang sumare aja ditinggal ngono wae, senajan kudu nganggo dana sing cumpen. Mesthi wae diselarasake karo agama sing kita enut, kita gondheli. Ngono Ki Fiaji Daulat sing ibadah haji taun 1430 H/2009, lan nate ndhalang ana ing Lampung, Batam, Sin­tang, TMII Lan Juwara II Lomba Dhalang sa Jawa Tengah taun 1990. Saiki sering Begalan Lan uga dadi Dhalang Ruwat. Rampung kojah barang-barang piranti pawon kanggo rebutan, sedhela wis gusis. (Sutar MB)
Adopted from : Panjebar Semangat Magazine
kapetik saking majalah panjebar semangat nomer 19 (8 Mei 2010)
 

No comments:

Post a Comment