Wednesday, June 30, 2010

Situs Kimpulan Ngemplak Sleman DIY










Taken from : Panjebar Semangat Magazine
Kapetik saking Majalah Panjebar Semangat nomer 19 (8 Mei 2010)

SITUS KIMPULAN
Papan Pamujan Ganesha lan Pangruwatan
Ature : Hugo M. Satyapara


Temon watu candhi ing komplek Kampus Terpadu UII dina Jumuah Pon 11 Desember 2009 bisa dipesthekake bakal nambah daftar Situs Purbakala ing sakitere Merapi Plateau, sawise dikedhuk dening Tim BP3 DIY wiwit tanggal 16 Desember 2009 nganti 23 Januari 2010 kabantu Tim Balai Arkeologi, Dosen Fakuttas Teknik UGM, Dosen sarta mahasiswa Fakultas Ilmu Budaya. Temon kuwi mau kagolong unik jalaran ora kaya temon watu candhi liyane sarta spesifik jalaran ngemu fungsi minangka papan pamujan marang Ganesha sarta papan pangruwatan. Mungguh cethane mangkene.

Situs Kimpulan
Ing donyane arkeologi temon watu candhi kang isih ana ing papan tinemune ingaran in situ. Dene papan tinemune ingaran situs. Olehe njenengi situs biasane kanthi tetimba¬ngan werna loro. Sepisan lelandhesan marang prasasti. Ananging amarga ing kono durung ana prasasti kang nuduh¬ake, mula olehe njenengi nganggo cara kapindho yakuwi nganggo jeneng papan tinemune watu candhi. Amarga situs tinemu ing dhusun Kimpulan Umbulmartani Ngemplak Sleman DIY. Mula pihak BP3 njenengi situs kuwi mau, Situs Kimpulan. Sacara Toponim jeneng dhusun papan tinemune situs bisa kanggo nglacak sejarah ing jaman kunane.
Temon watu candhi Situs Kimpulan kang sepisanan yakuwi bageyan pojok pager pacandhen sisih lor kulon. Na¬dyan rada rusak awit ketrajang Beku ananging wujude isih katon wutuh. Sa¬wise dikedhuk pranyata pager pacan¬dhen wujude pesagi, ambane 6 x 6 M2, ing pojokan tinemu antefik motif lung lungan kang wis distilir awujud sirah kala. Ing bageyan tengah pager tor kidul rinengga sirah kala. Sirah kala kadhang bisa dadi salah sijine pathokan nalika anelusur titiwanci pambangune candhi. Ing pager sisih wetan tinemu lawang, tegese adhepe candhi ngetan. Ana¬nging ora ngetan bener, awit pagere rada nyerong kanthi sudhut minus 342 derajat. Lha kang dadi jalarane adhepe ora ngetan bener, bisa amarga nalika mbangun posisi sre¬ngenge ora ana ing sisih wetan be¬ner, ananging ing sisih lor garis katulistiwa. Manut Ilmu Falak posisi mletheke srengene saka arah salor katulistiwa dumadi ing antarane sasi Maret-September. Bisa uga amarga sambung rapet Ian posisi Dewa kang disembah. Kanggo nyumurupi namaning Dewa kang disembah luwih dhisik nyumurupi isine pacandhen.
Ing njeron pager tinemu Lingga Yonni dunung ing tengah ing ngisor cerat yoni (pranala) tinemu gerabah wujude kayadene pengaron, diame¬tere kl 40 cm, fungsine kanggo ma¬dhahi banyu tilas kanggo ngresiki lingga ing dalem upacara pratistha, yakuwi upacara ngresiki lingga. Ing bageyan lingga tinatah kayadene aksara C dhobel. Sacara Iconografi karan brahmasutra. Ing sisih kulon yoni tinemu reca Ganesha lungguh ing sandhuwur bantalan kang rata, dhuwure watara 60 cm digambarake nganggo jatamakutha rinengga se¬sotya, ing tengah bathuk rinengga trinetra simbule pangawikan kawi¬caksanan, ing mburi sirah rinengga sirascakra simbule kasucian, kuping prasaja, mripat mbendhul aciri mri¬pat gajah, gadhing sisih tengen punggel, tangan cacah papat, te¬ngen mburi nggawa tesbeh (aksa¬mala), kiwa mburi nyekel kampak (parasu), nganggo srempang ka¬pandhitan (upawita), kelat bau (kan-kana), sabuk weteng (udara¬bandha).
Ing jogan sakitere yoni tinemu watu mendhukul cacah pitu, uga tinemu ing sacedhake pager mu¬beng cacah 10, watu mendhukul ku¬wi dinuga fungsine kayadene umpak landhesane cagak kang nyangga konstruksi payon. Ing kitab mana sara silpasastra kasebutake yen wangune cagak bunder karan rudrakanta, segi papat brahmakanta, segilima siwakanta, seginem skandakanta, segiwofu wisnukanta. Dadi kira-kira wangune pacandhen setengah bukakan.
Adhedhasar temon lingga yonni ing dalem pager, candhi kuwi karan candhi indhuk, dene dewa kang sinembah yakuwi Dewa Shiwa, awit lingga wujud personifrkasi Dewa Shiwa. Lire fungsi kang utama dadi papan pamujan Dewa Shiwa. Ing Kitab Shrhatsamhita kasebutake formasi Dewa Lokapala kang anjaga keblat. Ing kono kasebutake Dewa Shiwa anjaga keblat lor wetan. Mbok menawa katrangan kuwi kang dadi landhesan kanggo nemtokake adhepe pacandhen.
Ing dalem kamar candhi indhuk biasane tinemu reca cacah telu Agastya Durgamahisasuramardhini sarta Ga¬nesha. Tinemune reca mligi Reca Ganesha nuwuhake panduga menawa ing papan kono uga dadi papan pamu¬jan marang Ganesha. Panduga kuwi lelandhesan marang katrangane Kitab Siwaratrikalpa, saweneh kitab yasan jaman Majapahit. ing pupuh XXXVII kasebutake bhatara sivalingga kewala sirarcanan I dalem ikang suralaya, ku¬mara nguniweh gajendrawadana ng ruhunana sirakapwa pujanen. )arwane amung bhatara siwalingga kang pinuja ing dalem suralaya, kumara sarta gajendrawadana prayoga kapuja luwih dhisik. Gajendrawadana kuwi sesebutane Ganesha kang rupane digambarake kaya rupane gajah wahanane Bhatara Indra. Ing kene Ganesha dunung minangka istadewata yakuwi dewa kang bisa nyaketake Ian Dzat bebener kang sejati. Lire candhi indiiuk saliyane kanggo pamujan Dewa Shiwa uga papan pamujan Ganesha. Lha sapa sajatine Ganesha kuwi?
Ing kitab Smaradahana yasane Darmaja Kediri kasebutake menawa Bhatara Gana mono putra Bhatari Saiiaputri Ian Dewa Shiwa. Ing kono bhatara Gana digambarake minangka dewa asirah gajah, kupinge amba, tangan cacah papat, duwe trinetra kaya duweke Shiwa, nduweni katyasan mecah raga sakarsa (icchabhadya), bisa triwikrama, bisa dadi cilik, bisa cat katon cat ora. Katyasan kaya mangkono uga diduweni Bima sawise kasil nggayuh kasampurnan rohani. Ing Kono bhatara Gana ajejuluk Gananjaya awit kasil ngalahake ditya Nilarudraka kang kumawani gawe geger suralaya. Anjalari para dewa padha pralaya. Dening bhatara Gana kasiram toya amrta, satemah para dewa balik waluya. Amarga kasil amerjaya ditya, dening Dewa Shiwa bathara Gana kajumenengake minangka pangarsane para gana kanthi asma Ganesha (Gana + Ica = pangarsane gana) sarta ajejuluk Wighneswara, jarwane kang bisa nyirnakake pepalang. Ganesha banjur misuwur karan dewaning pepalang. Mula pantes menawa asmane sinebut ing kawitane prasasti. Ing pangajab muga ingedohake saka sakehing pepalang. Upamane ing prasasti Balngawan 891 M, Sugih Manek 915, Kinawe 928, Sangguran 928 ing kawitan katulis tembung awighnam astu. Uga kasebutake ing bageyan sapatha, bageyan prasasti kang ngamot asmane para dewa kang kasuwun minangka seksi, upamane ing prasasti Wuatan Tija 880 M.
Dene ing kitab Korawasratraa, uga yasan jaman Majapahit kasebutake asma jejuluke Ganesha yakuwi Winayaka Heramba Ulundesa Sang Anaruka. Ing kono Ganesha kacarita minangka dewa kang kebak kawruh sarta pinter. Kang dad't jalarane awit duwe kitab linggapranala. Kitab kang ngamot riwayate para dewa. Kitab kuwi sakawit duweke SH Anantawisesa, banjurdiwenehake SN Taya, diwenehake Bhatari Saraswati garwane bhatara Brahma banjur diwenehake Ganesha. Dening Ganesha diwenehake bhag awan TAMprapeta kang kajibah medhar kawruh marang manungsa ing ndonya.
Lha pintere ganesha kuwi kayata putus ing saliring aji upamane all pulangkaki aji mangabhyasa jalasanghara ajiswacchanda, banjur teges ing sastragama waspada marang ala hayu, weruh mulaning bhawana, weruh dawa cendhek uriping manungsa, bisa salin swara kaya dene swarane dhalang, ora kena diapusi sarta weruh ing itungane wektu, Amarga pinter Ganesha banjur misuwur karan Dewaning Kawruh. Radi kaya¬kaya ngetrepi lan papan tinemune ing bakal calon Gedhong Perpustakaan. Liya kuwi Ganesha uga putus ing bab panglukatan Pangruwatan.
Kacarita Ganesha ngruwat Bhatari Uma kang salin rupa awujud Bhatari Durga: Kesiku dhendhaning jawata awit gawe rusake kitab Linggapranala. Lha tata carane nalika ngruwat kurang luwih mangkene : kawitan Ganesha nganakake aradhana upacara pamujan marang Tripurushi Sawitri Sri Saraswati.¬ Ganesha banjur nuceni ragane Durga migunakake banyu kali Gangga. Sawise suci, dewi tetelune manjing ing ragane Durga.
Ganesha nganggo bhusananing amuja arupa kain jaldasuka, sabuk sawanggatra, udheng sutra kusyaraga, ali-ali peparing Suprabha, lumur kusuma wicitra sarta kembang saraja asale saka kayangan kinanthenan mantra Ganesha nindakake upacara Diksa: Durga kasawuran sawernane kembang, awake kasabet ping telu sarta kasiram toya amrta: Kocap sanalika Durga salin wujud kaya duk ing uni. Upacaraning panlukatan purna Dewi Uma banjur bali menyang kahyangan.
Kanggo ngurmati Ganesha para kang amuja, saben malem Anggara Kasih atur pepudyan kinanthenan sesaji arupa tebu, pala kependhem, sawernane gedhang, woh-wohan kayata manggis langseb, nangka sarta kulit wit pule. Para kang amuja Ganesha racake nggilut sekte Ganapataye, sekte ing agama Hindhu kang sacara khusus amuja Ganesha, biasane dumadi saka para sadu. Ing tlatah India saben tanggal 4 sasi Bhadrapada (Agustus September) ginelar dina riyaya Ganesha Caturthi dina pengetan laire Ganesha.
Dene kahanan ing sanjaban pager candhi indhuk, tinemu watu pathok ing sawetan baturan (adhisthana) kira-kira sakidul lawang candhi. Watu kuwi minangka tenger titik pusat plataran candhi karan bhrahmastana. Tapel wates plataran kira-kira ambane 24 x 24 M2 wujude tapel wates arupa watu¬watu gundhul kang ditata kayadene pondasi. Ing sawetan candhi indhuk tinemu candhi perwara. Ambane pager candhi perwara 4 x 6 M2 posisine pager luwih cendhek saka pager candhi indhuk, watara 40 centinan. Lawang pager ing sisih kulon. Dadi adhepe candhi perwara ngulon. Ing njeron pager tinemu reca nandi ing tengah rada ngetan sithik. Kaapit lapik padma cacah loro. Lapik lor karan padmasana surya, lapik kidul padmasana candra. Lapik kaya mangkono uga tinemu ing candhi wahana Prambanan sarta ing BCB Turi ing saklor Wisata Agro Salak Pondhoh Sleman. Salor padmasana surya tinemu lingga yoni. Ing ngisor cerat tinemu pengaron, kahanane wis ora wutuh maneh. Nitik saka temon pengaron ing sangisor cerat yoni, nuduhake menawa lingga yoni sakawit pancen didunungake ing papan kono. Mung wae durung cetha apa kang dadi jalarane didunungake ing kono, awit biasane dununge ana ing candhi indhuk. Sakidul padmasana candra tinemu jugangan kayadene bak kontrol. Biasane kanggo dalan mbuwang banyu utawa rereged sajrone upacara. Yen fungsine pancen . kaya ngono, tegese ana saluran kang anjog ing kali. Nitik saka temon reca nandhi candhi kuwi bisa karan candhi wahana awit Nandi dadi wahanane Dewa Shiwa. Biasane candhi wahana cacahe telu, nanging ing kono sajake mung siji.
Adedhasar panelusuran kuwi mau dinuga pacandhen ing Situs Kimpulan fungsi utamane dadi papan pamujan Dewa Shiwa, fungsi khusus dadi papan pamujan Ganesha sarta papan panglukatan pangruwatan.

Jaman Pembangunane
Paling ora ana cara werna telu kanggo meruhi titiwanci pambangune pacandhen. Yakuwi migunakake prasasti, ndeleng cakrik pacandhen sarta lokasi. Amarga ing kono durung tinemu prasasti, mula kanggo meruhi kanthi ndeleng cakrik pacandhen. Kauningana cakrik pacandhen ing tlatah Jawa kene sacara umum bisa kaperang dadi loro yakuwi cakrik Jawa Tengahan sarta cakrik Jawa Wetanan. Ana telung perangan kang bisa kanggo meruhi cakrik pacandhen. Sepisanan yonni, nitik saka wujude yonni kang prasaja, yoni kuwi klebu cakrik Jawa Tengahan. Yen cakrik Jawa Wetanan biasane rinengga rerenggan ngremit, kayata yoni Bre Kahuripan Panggih kang rinengga lung-lungan ngremit ing awak-awake, yoni candhi Sumberjati Blitar, ing perangan sisih ndhuwur rinengga relief kurma (kura-kura) kagubet ula, wujud relief crita samudramanthana. Kapindho reca ganesha, nitik saka cakrike kagolong cakrik Jawa Tengahan, yen cakrik Jawa Wetanan biasane rinengga rerenggan ngremit sarta luwih medeni, kayata reca Ganesha Boro Blitar tinatah ngremit Ian lenggah ing sandhuwur cumplung. Katelu sirah kala, nitik saka gegambarane uga kagolong cakrik Jawa Tengahan, awit sirah kala cakrik Jawa Wetanan luwih medeni katon saka mripat kang luwih mendhukul sarta untune mawa siyung. Lire candhi situs Kimpulan kagolong cakrik Jawa Tengahan. Banjur nitik saka lokasine ing ereng¬ereng Merapi, klebu pacandhen asal saka jaman Mataram kuna. Lha kira kira kabangun ing jaman paprentahane sapa?

Kanggo meruhi, bisa migunakake prasasti kang ngamot jenenge Ganesha, awit lelorone sambung rapet. Yakuwi prasasti Kancana 860 M sarta Wuatan Tija 880 weton jaman Rakai Kayuwangi (855-885), prasasti Balingawan weton jaman Rakai Limus (890- 894), prasasti Sugih Manek 915 weton jaman Sri Daksottama, prasasti Kinawe sarta Sangguran weton jaman Rakai Sumba Dyah Wawa (921-928). Adedhasar temon prasasti kang ngamot jenenge Ganesha, dinuga candhi ing Situs Kimpulan kabangun paling ora ing antarane taun 855¬928 M, ing antarane jaman paprentahane Rakai Kayuwangi tekan Rakai Sumba Dyah Wawa. Nuwun. ***

No comments:

Post a Comment