Wednesday, June 30, 2010

Legenda Tlaga Mandirdo, Karanganyar


Taken from : Panjebar Semangat Magazine
Kapetik saking Majalah Panjebar Semangat nomer 19 (8 Mei 2010)

Legenda Tlaga Mandirdo, Karanganyar
Kabupaten Karanganyar sugih aset wisata kang potensial, sarta budaya agung kang terus mekar. Kejaba iku kondhisi alame pancen neng¬semake banget, saengga digandrungi para wisatawan. Secara geografis obyek wisata alam Tlaga Madirdo, kang mapan ing Desa Berja, Kecamatan Ngargoyoso, Karang¬anyar, dhuwure udakara 432 meter saka lumahing banyu segara.
Wiwit ndhisik mula, obyek wisata tlaga Madirdo kang banyune semu bening, ndu¬weni daya pikat kang manjila. Kaya-kaya tansah ngawe-awe marang pengunjung sing padha kepingin nikmati saka cedhakan. Sing padha kepingin kungkum utawa adus, pancen dipersudi kareben saya tambah 'asyik'. Obyek wisata Tlaga Madirdo kang dedunung udakara 28 km saka kutha Ka¬ranganyar, pranyata wektu ngarepake lebar¬an utawa Taun anyar 2010, para pengun¬jung ngebaki arena utawa lokasi. Manut katrangan saka Dinas Pemasaran Pariwisata Karanganyar S.Wijaya Putra,SH MHum, ma¬rang PS, yen para pengunjung wektu 'pa¬dusan' ramene ora karu-karuwan. Kena di¬arani Tlaga Madirdo wektu iku kaya pasar temawon, jalaran papan mau klebu obyek wisata anyar. Kamangka obyek mau lagi diresmekake'pitung sasi' kepungkur sarta disekseni kabeh warga masyarakat ing kono. Peresmian obyek wisata dening Bupati Hj. Rina Iriani Sri Ratnaningsih, SPd MHum.
Manut katrangane mbah Wongso Mangun (69), Tlaga Madirdo kerep kanggo kungkum kanggone sing percaya. Kungkum utawa adus ing wayah sore kang katindaka¬ke para wanita saperlu golek berkah kayata golek jodho utawa anggone dagang bisa laris. Babagan iki pancen sesidheman aja nganti konangan wong liya (umum). "Sing luwih becik, wayahe wiwit srengenge ang¬slup udakara jam 18.00 dadi pancen sepi mamring. Aku wis nate nyipati dhewe, rikala ngeterake ing papan mau, senajan banyune semu butheg. Pranyata sing tak terke mau durung nganti rong sasi wis nduwe sisihan,° ujare mbah Wongso Mangun marang PS.
Dumadine Tlaga Madirdo
Manut katrangane M.Ng.Sarnodiprojo (Staf Pegawai Pariwisata) nyritakake, legenda dumadine Tlaga Madirdo pancen unik, saengga akeh para wisatawan ke¬pingin ngerteni. Critane baku, ana sawijining resi kang gentur tapane jenenge Resi Gotama, kang mapan ing Agrastina. Dhe¬weke resi kang nduweni sisihan sawijining widodari kang ayune datan pilih tandhing, arane Sang Dewi Windradi. Resi Gotama Ian Dewi Windradi, diparingi mo¬mongan cacah telu, yaiku Dewi Anjani, Guwarso Ian Guwarda. Wektu semana uripe Resi Go¬tama Ian Dewi Windradi, sawise diparingi momongan, tansah ayem ]an tentrem.
Kocapa ing sawijining wektu, Guwarso Ian Guwarsi sawise ngancik dewasa, sowan marang ramane Resi Gotama. Jroning sowan, ora liya nyuwun pirsa ma¬rang ramane, mbakyune Dewi Anjani duwe dolanan Cupu Manik Astagina. Perlu kawuningan Cupu Manik Astagina, bisa kanggo nonton jagat saisine. Sang Resi Gutama sanalika kaget, jalaran dheweke ora rumangsa maringi dolanan mau marang Arijani. Ora sranta Resi Gotama methuki Dewi Anjani, Ian takon kepriye larah-larahe kok entuk Cupu Manik kasebut. Dewi Anjani blaka suta yen sing maringi ora liya ibune dhewe (Dewi Windradi). Kaya ngapa nesune Resi Gotama, sang resi ngerti sing duwe Cupu Manik Astagina ora liya mung Bathara Surya. Ing batin Resi Gutama ngira Dewi Windradi ana sesambungan peteng klayan Bathara Surya. Pungkasane Sang Resi Gotama kanthi kerot, takon marang garwane babagan Cupu Manik Astagina. Dewi Windradi ditakoni sang resi, ora aweh wangsulan, mung meneng wae utawa mbisu. Sang Resi Gotama pungkas¬ane nesune ora bisa diampet, wekasane Dewi Windradi disotake malih dadi watu, nuli ditendhang tumeka alas Dandaka kang wit-witane mbiyet medeni.
Kocapa, putra-putrine tetelu nangis be¬barengan, padha njalukake pangapura ma¬rang ramane. Emane bebasan'sega wis dadi bubur; wis kebacut unine, Dewi Windradi kudu nglakoni dosane. Sang Dewi bisa malih dadi manungsa maneh, besuk yen ana Perang Gedhe Negara Ngalengka. Ora tekan semono dukane Resi Gotama, nuli Cupu Manik Astagina dibuwang menyang alas, ora kenyana playune cupu nyemplung ing tlaga kang banyune kinclong-kinclong, diarani 'Tlaga Madirdo: Wangune playune Cupu Manik Astagina dioyak dening Guwarso Ian Guwarda, nganti direwangi nyemplung tlaga Ian slulup. Bareng nggoleki ora ketemu nuli mentas, pungkasane lelorone malih dadi kethek, malah padha gelut adu kasekten. Semono uga Dewi Anjani teka keri-dhewe, saking panase dheweke nyedhaki tlaga, enggal-enggal dheweke wisuh Ian raup. Kaya ngapa kagete Dewi Anjani dene raine Ian tangane malih kaya wulu kethek.
Dewi Anjani ngerti sing lagi perang tan¬dhing mau adhine dhewe, pungkasane di¬pisah dening mbakyune. Bareng wis padha sadhar ]an nglenggana. Dewi Anjani, Gu¬warso Ian Guwarda mulih sarta ngadhep Resi Gotama, Ian ngaturake kaluputane. Sang Resi Gotama paring wulangan, kang surasa¬ne ora becik yen nganti rebutan kang dudu darbeke, wusana kang dijangka ora bakal kaleksanan. Pungkasane Guwarso Ian Gu¬warda diganti jenenge Sugriwo Ian Subali. Kanggo nebus dosane, anak tetelune mau nindakake tapa. Dhawuhe Anjani tapa men¬colot-mencolot kaya kodhok, Sugriwa tapa nggandhul kaya lawa, dene Subali tapa nga¬deg sedhakep ing alas Sonyapringga. "Mangkono, legenda dumadine Tlaga Man¬dirdo;" andharane Mas Sarnodiprojo, SKar marang Panjebar Semangat. (dewi setyowati)

No comments:

Post a Comment